Lampahan Banyu Suci Prawitasari
Wejangan
Dewa Ruci tumrap Bratasena
Dewa Ruci
: Bratasena gawe kaget buron
samudra keprabawan raga kita kang wus ngelam lami
Jiwo lan ragamu
jroning kasucen.
Bratasena
: Ana cahyo sumorot tejamanter
nyada lanang ditamatake cat katon cat ora. Iki
wujuding apa lenggah
ana sela gilang mengku daya prabawa adem lan ayem mangka
wus mangerti marang
aku.
Dewa Ruci
: Ong ilaheng aja maneh kok kita
nenek moyang kita ulun wus mangerti kabeh
Werkudara lamun kitanya
marang ulun. Ulun iki sanghyang purba sadingah arani sang
Ruci batara.
Bratasena
: Yen pancen kowe sanghyang
purba, aku kepengin ngerti buktine.
Dewa Ruci : Kita
bakal nyuwun apa?
Bratasena : Rehne aku ora bisa nyembah ora bisa ndhodok
ora bisa basa apa kowe bisa nyipta
Werkudara supaya bisa nyembah ndhodok lan basa.
Dewa Ruci : Lamun
karep kita mengkana kita kepara maju bakal ulun udari gelung kita sarta ulun
Garke gegeman kita
supaya bisa nyembah sarta basa. Kulup dikepara maju (suluk
Pathet manyura jugag
Werkudara ganti nganggo wijasena).
Bratasena : Matur
sewu sembah nuwun pukulun saderengipun ngaturaken sungkeming panga
bekti. Inggih namung
jenandika ingkang kiyat nampi sembah kula lan basa kula.
Dewa Ruci
: Ya pancen pesthine jawata kudu
mengkono.
Bratasena
: Rehne paduka sampun kepareng
ngudhar gelung kula lan mbuka gegeman kula, kula
badhe nyuwun pirsa
blegering Werkudara punika namung kangge wewangunan me
napa mengku gati ingkang
winadi menapa jumbuh kaliyan pangrasa kula menapa
boten. Awit gelaring
busana lan dedeg pangadeg kula punika boten saklimrahing jalma.
Dewa Ruci
: Kulup Bratasne sejatine dedeg
lan piadeg kita iku mengku surasa gambarake jumbuhing
lahir lan batin kita, mula kita kaparingan
gelung minangkara ndek ngarep duwur mburi
mengku karep lamun kita
sesrawungan jroning bebrayan agung bisa mapanake
kalungguhan kita
srawung marang wong gedhe bisa wicara srawung lawan wong cilik
bisa ngemong lan momot.
Bratasena : Lajeng sumping kula punika menapa pukulun?
Dewa Ruci : Kita
ngagem sumping pudhak sinumpet tegese kita bisa meper hawa napsu patang
perkara ya kuwi: aluamah,
amarah, supiyah, lan mutmainah. Amarah iku tegese
gampang nesu, gampang
kebranang, aluamah iku tegese angangah-angah kudu dhahar
kang sarwa dhahar enak lan
akeh, supiyah iku tegese kepengin geganthaning kamukten
ingkang winawa mung bandha bea,
mutmainah tegese kamukten lan kalungguhan.
Bratasena : Lajeng
kula mawi pupuk punika menapa?
Dewa Ruci
: Sejatine iku dudu pupuk sebab
pupuk iku anggone bocah cilik, iku sejatine cundhuk
kulup kang winastan
cundhuk jaroting asem kang mengku karep alus budine mula kita
iku sejatine ngremit rasa kita. Kita ngagem
kelat bahu bali bar manggis binelah njaba
lan jerone padha rasane mula watak kita yen
iya ya iya yen ora ya ora. Gelang candra
kirana watake sumorot tejane, ngagem sabuk
cindhe puspita yekti kita dadi pangence
nging kadang kita utawa pikuate kadang kita
pikukuhing pandawa iku gumantung ana
kita kulup ngagem kampuh poleng bintulu aji tegese
kita wus ngerti hardening hawa pa
tang perkara kang ginambar abang,
ireng, kuning, putih. Abang marang kuwanen, ireng
Kelanggengan, kuning hawa
asmara, putih marang kasucen.
Bratasena : Menapa
sebabipun kula nggegem kanthi kuku ingkang kados mekaten pukulun?
Dewa Ruci : Kita nggegem iku nyawijekake rasa budi
miwah karsa kanthi lelandasan kuku pancanaka
panca kuwi lima naka
landep sejatine kadang kita sing landep budine ya lahir ya batin ya
mung kowe kulup. Kita ngagem porong kencana
minangka kanggo sarana pangeling-
eling rikala kita bakal sowan marang ulun
kagiri goda marang olor tunggul wulung bisa
tigas janggane nanging mustaka ora bisa uwal
saka wenthis kita mula ingkang kiwa gi
nambar dining sanghyang baruna minangka
pantesing imbanging wenthis tengen.
Bratasena : Menawi mekaten sampun terwaca bilih gesang
kula punika tinuntun dining saranduning
busana ingkang mapan
wonten jiwa raga kula pukulun.
Dewa Ruci : Iya
kulup mula jati diri kita mapan ana busana ingkang kita agem.
Bratasena
: Nanging dereng lega raosing manah kula menawi
dereng mangertosi ujuding banyu
suci prarwita sari.
Dewa Ruci
: Werkudara, sejatine banyu suci prarwita sari
iku dudu wujud barang nanging iku kanu
grahaning urip lan kita
bakal mangerti jatining banyu suci wadhahing prarwita sari kita
manjing ana jroning
karna ulun.
Bratasena : Hyang pukulun punika elok lan aeng kula
semanten agengipun paduka namung sakge
geman menapa saged manjing wonten karna
paduka pukulun.
Dewa Ruci : Saka
keparenging batara sarta panguwasa ulun kita bisa kulup.
Bratasena
: Amit-amit pasang paliman tabik mugi linepatno
ing bebendu saha tulak sarik kepareng
kula badhe manjing wonten karna paduka
pukulun.
Dewa Ruci : Bratasena
jroning kita manjing ana karna ulun aja lali elingo marang purbaning Hyang
widi wasa (gendhing eling-eling) rep.
Dewa Ruci : Seno kepiye rasa kita bareng maning
karna ulun.
Bratasena : Pangraos kula sumeblak raosing manah kula
lan paningal kula, sinareeng kula manjing
wonten karna. Katentreman ingkang kula
raosaken bebasan tuwuk kang tanpa dhahar
seger tanpa ngunjuk padhang tanpa soroting
surya, wonten pangraos namung adhem
ayem saha tentrem, punika wonten jagading
menapa pukulun?
Dewa Ruci : Kuwi
kang sinebut sonya nuri bratasena mara kita enggal mlakua maneh.
Bratasena
:Kula mlampah saya adhem saya
ayem saya tentrem punika alamipun menapa pukulun?
Dewa Ruci : Kuwi kang sinebut alam baka.
Bratasena
: Alam baka punika nenapa pukulun?
Dewa Ruci : Alam
baka iku sampurnaning urip lamun kita ana mercapada tansah tindak bener sarta
seneng teetulung gawe
kabecikan marang liyan bebasan maringi kudung marang wong
kepanasan, maringi paring marang wong kang
kudanan yekti bakal sampurna urip ing
mbesuk bakal ngrasake kaya kita. Ya kuwi
kulup lamun kita terus bisa ngrasa lan
nyakup
cahya biru maya-maya ya iku kang sinebut banyu suci perwita sari wus marem
kulup rasa ning pamikirmu.
Bratasena : Sampun
kacakup pangandikanipun sanghyang dewa ruci.
Dewa Ruci : Lamun
mengkana kita enggal metua saka jroning karna ulun.
Bratasena : Kula
boten badhe wangsul.
Dewa Ruci : Apa kita lali marang jangkaning dewa
perang baratayuda njaluk balining negara
ngastina sakwutuhe.
Bratasena : Kula boten kepengin negari, boten kepengin
bandha donya kula wonten mriki sampun
ayem tentrem.
Dewa Ruci : Kita mboya kepareng kaya mengkana kulup.
Kita enggal metua sedela saka karna, kita
bakal ulun gelung suapaya katon jati kita.
Bratasena : Inggih
kula dherek (suluk ada-ada manyura wetah) wijasena metu digelung maneh.
Dewa Ruci : Rehne
kita wus bali kaya duking uni kita enggal bali mesakno kadangira kulup
Bratasena : Aku
emoh bali kepengin cerak marang Dewa Ruci dewaku during tutug nggonku ngra
sake katenntreman.
Dewa Ruci : Lamun kita mboya gelem bali coba
priksanana epek-epek ulun (suluk ada-ada)
Carita
: Kacarita R. Werkudara dupi
mriksani epek-epek nya sang Dewa Ruci katon gegambaran
Dewi Kunthi Talibrata
dipun perwasa kadang kurawa, duka yayasinipi dyan Bratasena
datan pamit sang Dewa Ruci
jumangkah nyabrang samudra tindak daratan. (playon ma
nyura sesek) Dewa Ruci
ilang.
Rukma kala lan kala rukma. Rukma kala badhar
batara bayu kala rukma badhar batara brama
Batara bayu maringi pusaka kalung naga bandha
batara brama maringi pusaka anting-anting sotyaning warih lan tirta kundha.
Naga bandha dayane nek nesu krurane kaya naga terus anting-anting sotyaning
warih bisa dayane mbabar kepadhang. Tirta kundha dayane nggo mlaku neng banyu
tanpra beda neng daratan.
Kayu
gung susuhing angin tegese kayu: urip, karep gung: gedhe susuh: papan, angin:
napas.
Wong yen duwe karep gedhe dijangka waton laku
lakuning napas lan keteging jantung isih lumaku.
Alas kendali rasa : wong duwe karep kudu bisa ngendaleni
panca driya
Gunung candra muka : Kudu bisa meper hawa lima
perkara yaiku lakuning tutuk, karna, netra, grana, rasa utawa ati.
Kayune purwosejati, pangira jagad kinarya rumembi,
apradapa kekuwung, sekar lintang salogo langit, woh surya lan tengsu, asirat
bun lan udan, pucak akasa bungkah pratiwi, oyote banyu bajra.
Kayune purwosejati : kayu = urip/karep purwo
wiwitan sejati = sejatining urip. Mila tiyang gesang anglampahi trilampahing
gesang wonten mercapada nggeh punika purwo madya wasana. Pangira jagad kinarya
rumembi = kiblat papat lima pancer minangka pikuating agesang. Apradapa
kekuwung: lamun wus nglampahi jatining urip mubah kiblating urip saged nyepeng
jatining diri lamun katarima uripe katon mencorong tejane. Sekar lintang saraga
langit = kembanging jagad akasa mung loro lakuning rembulan lan lintang. Woh
surya lan tengsu: bisa methik kanikmatan sarta kabagyan. Asirat bun lan udan:
Pangrasa adhem ayem kaya ketetesan tirtaning bun lan udan. Pucak akasa bungkah
pratiwi : ingkang murba lan masesa jagad saisine gusti ingkang maha agung.
Oyote bayu bajra = pikuating urip lakuning angin.
No comments:
Post a Comment